Pepanggihan kaping 7 & 8 KD. 3.3. Memahami teks legendha “Asal Usulipun Rawa Pening”
Ing pepanggihan iki arep dirembug indikator:
- Mengartikan kata-kata yang sulit dalam kontek kalimat
- Menjawab pertanyaan dalam ragam basa krama
- Menulis unsur-unsur intrinsik dalam teks legendha
Teks legendha iku kalebu sing diarani karangan narasi. Karangan narasi yaiku karangan kang arupa urut-urutan kedadeyan, laku apadene tataran. Crita legendha Asal Usulipun Rawa Pening kang mawa basa krama inggil lan kalebu karangsan narasi amarga urutan kedadeyane urut lan runtut.
Crita Asal Usulipun Rawa Pening nganggo basa krama inggil mula para siswa kudu isa negesi tembung-tembunge kareben mudeng karepe crita. Mula pas mangsuli pitakonan nganggo basa krama luwih gampang wangsulane amarga wacane nganggo basa krama.
Unsur intrinsik ing antarane :tema, plot/alur, setting/latar, susut pandang, paraga (paraga utama, pendamping, figuran), watak paraga (protagonis, antagonis lan tritagonis) lan amanat/pesan moral.
Para siswa bisa mbukak buku paket Marsudi Basa lan Sastra Jawa kelas VIII lan gladhen ing google classroom dibukak, diwaca lan digarab. Ing pepanggihan iki nggoleki tembung-tembung angel ing wacan lan mangsuli pitakonan adhedhasar wacan sing wis ana.
Kanggo pepanggihan ke 8 nulis unsur-unsur intrinsik ing crita legendha Asal Usulipun Rawa Pening, bisa dibukak ing GC (google Class room kelase dhewe-dhewe.
Yen ana sing kurang jelas bisa wa takon ing grup mapel basa Jwa klsmu. Tetep semangat lan tetep sehat. Muga-muga pandemi covid-19 enggal sirna saka bumi pertiwi.